Daerah Ekonomi Gemas Haji & Umrah Headline News Internasional Kawan Cilik Kesehatan Kuliner Lentera Islam Mbakyu Nasional Opini Otomotif Pendidikan Peristiwa Persepsi Politik & Pemerintahan Redaksi She Sportainment Tausiah Ramadan Teknologi Weekend Yuk

MBELGEDHES

Yuan Edo Ramadhana • Minggu, 13 Agustus 2023 - 17:48 WIB
Ilustrasi lembar budaya (Ainur Ochiem/RDR.BJN)
Ilustrasi lembar budaya (Ainur Ochiem/RDR.BJN)

 

Mboh piye kawitane aku ogak roh. Makbedunduk cah-cah teka sicok-sicok ndhuk warung sor greng. Edheg barongan rumbuk krasa anyep. Jajan ndhuk warung sakandhuk idhep idhep ludhes disantap. Nayoh tenan. Medang kopi kothok cingkiran karek ninggal ketheg. Mboh genyo udan-udan dalan mbet nglinet kok nekat dha teka warung. Kathik gemrudug bareng. Koyok suporter budhal ndelok bal-balan.

Jengkeran ndawak ambek jandhoman. Lunggoh jentrek-jentrek. Ngethuprus ngalor ngidul nggur takrungokna tekok kadohan.

"Matoh nek pak Sumar didadekna ketua. Njarna desa kene dadi wong mbudaya ambek nyastra" jengkeran nggedabus saur manuk. Aku ogak roh piye kawitane. Kok jenengku katut disebut-sebut

"Piye leh, Kar. Ya kudu!. Jengkeranem. Mosok gak gelem?" Darmogati ndhuk pojok melok namboh takok.

"Jal takokna dhewe kae wonge ya lunggoh nggir kulon" Karnokumba nyelot banter swarane. Setengah mbengok.

Tak senggoh cah-cah kae ogak roh nek aku melok njandhom. Ndadak dha eroh nek aku njungok pojok ethok-ethok. Mbasan cah-cah kuwi eroh nek aku ndhelik. Gage diceluk cuwawak.

"Pak Sumar! Turene kanca-kanca, pean dikengken ngetuwani kumpulan niki dospundi?"semantane Darmogati nggawe basa krama pathing pecothot.

Aku njegidheg ogak nywara. Gung roh karepe kumpulan apa sing dimaksud. Kumpulan er-te, kumpulan bal-balan apa nggur sekedhar arisan?

"Iki karepe klumpukan apa leh? Aku gung roh apa sing dijengker." Tumandukku bar nyruput wedang kopi ndhuk lepek. Semendhe gedheg karo kukur-kukur sikil dicokot jengklong.

Ngeleg wedang kopi ogak patek tak rasa legi-paite. Sebab pikiran uleng. Mbatin, ndingaren cah-cah nom kuwi  nyebut organisasi. Entrane nggawe grup seni budaya karo sastra. Sak jeg-jumbleg lagek ki aku krungu. Biasane sing dijengker cah wedok ayu, ngantek sembarang kalir sing viral ndhuk jagat medsos.

"Cah-cah niki badhe nggawe kumpulan karawitan kalih sanggar sastra,pak" Karnokumba sing ndamoni geni rokok ambek dolanan beluk udut terus nyaut.

Aku njondhil kaget. Gawok. Tenanan apa kupingku sing budheg. Njegreg kaya reca ra isa omong. Ogak godag obah. Aku ijek gak nggadheg. Ngantek suwe ogak isa njawab. Angen angenku uleng amor bingung. Tak gelar, tak gulung. Ijek ugung nemok apa karepe cah-cah kuwi. Nek murni karepe cah nom-nom kuwi koyok gak mungkin. Mesthi enek sing  nyutradarani. Munggohna iya gek apa maksud tujuane?

"Aku gung isa njawab. Gak ndunung. Gung mudheng. Ijek tak pikir dhisik." ujarku ijek ugung ngeweki jawaban gumathok. Umpama iya tenan, entrane cah nom-nom kuwi ndadekna aku mbediding. Karep latah kemenciten.

“Pripun,pak Sumar?” regedeg cah-cah ndheseg jawabanku.

Klepat!! Aku mencolot mlayu muleh. Sak bar-e nguncalna dhuwik kopi. Njangkah banter kaya enek sing nggodhag. Mboyak! Cah-cah kae ben mikir dhewe. Nek ijek nduwe karep penting, kapan-kapan mesthi njagong ndhuk omah.

Nggeblas muleh numpak udhug. Mlebu omah, nglebi lawang. Tak gembok saka njero. Semanta ambek Kunthi bojoku ogak dijawab. Mongsok njero lengkong turu amben, awan-awan ngene. Jegagik dadak pethuk ndhuk pawon. Aku klincutan.

“Layakman sepi,” aruhku karo ngguyu mlengeh.

“Eneng apa,pak. Kok njanur nggunung ngguya-ngguyu?!. Wis bar ta jandhomane?” clathune Kunthi nyemoni nglulu.

“Rumangsaku ijek turu ndhuk senthong!” tembungku nylamur rasa isin.

“Piye leh.pak?. Rumangsaem! Wayah mangsak kok dianggep saba senthong.Kaya ogak roh ribete wong wedok. Dianggep turu nglekor kelon bantal,” aku disemprot guneman pedhes.

“He he he….Kelan lodheh waloh ya, buk?” aku ngungak panci ndhuwur kompor.

“Tenggohem?!”

Dicueki bojo aku nggur pringas-pringis. Cengengesan  kaya cah edan. Njarag ndableg. Rai nggedheg. Aku wis apal, guyon njero pawon ngene ki kenek nggo jaragan kaya wong pacaran. Rayuan gombal. Godhag-godhagan. Sirat-siratan banyu. Mumpung anak semata wayang lagek dolan. Angger minggu awan Gunawan anakku lanang, ajeg dolan nangga karo kanca sakbarakan.

Wetengku wis lesu. Ape kandha bojo ijek ugung wani. Nggone kelan jangan lodheh ijek panas mongah-mongah. Gimbal jagung gorengan gereh ugung mateng. Sumelang nek diujar-ujari. Wedi diunen-uneni kaya wingenane. Ndang mbadhog!

“Njandhom warung oleh-olehe apa,pak!” ndadak aku disengap bojo.

“Dijak cah-cah nom kae ngedegna sanggar seni budaya ambek sastra, buk,” wangsulanku rangu-rangu.

“Heee…!!?” bojoku wadon njomblak. Gawok. Kaget. Aku dipendeliki.

“Tenan pa geroh,pak! Cah-cah seneng ngombe towak. Njagong warung. Njinggleng ha-pe rina wengi kae katene nyastra. Karep nyeni? Prekethek!!” bacute wangsulan bojoku karo lambe nyaruwe.

“Jarene sing nguwati lurahe,buk.” sumambungku namboh.

“Mbelgedhes!!!” Kunthi mencep, muntir lambe.

“Sakjoge dana desa nggelontor ndhuk desa-desa, sakiki angger desa anggarane sakandhug. Dhuwike luweh-luweh, ngantek kewohan mblanjakna” sumaurku ngunggahi

“Mbelgedhes!?” tumanduke bojoku nyenyenges, semu ngece.

“ Lho aja ngenyek lho buk. Sakiki delok lurah-lurah tumpakakne mobil anyar-anyar. Arang sing nunggang udhug. Kuwi tandha nek desa-desa wis sejahtera aparat ambek makmur rakyate. Wis gak eneng sing urip mlarat kesrakat,” argumentasiku linandhesan fakta sing sasuwene iki tak rasak-rasakana.

“Apa pean gak tau krungu ning tipi kae,pak! Akeh aparatur desa sing nyunat dhuwik bantuan nggo warga miskin? Ning ndi-ndi akeh kades mlebu mbui. Dipenjara sebab korupsi” tembunge bojoku ngabangana kuping.

“ Kuwi oknum buk?!” bantahku.

“Mbelgedhes!” tembung nyenyenges kuwi diambali wola-wali.

Aku ogak wani alok meneh. Meneng klakep kaya kethek ketulup. Trima ngalih ngenggon. Ngenti matenge mangsakan. Olah-olahane bojoku jan mirasa. Sumbut ambek rupane. Ayu moblong-moblong. Arepa aku digremengi rina-wengi. Tak anggep jamu endhas ngelu. Sing penting mbendina ijek isa madhang. Weteng lesu tamba wareg. Srupat-sruput krasa nyamleng.

Nyelot dina atiku gak enak ngeneng karepe cah enom-enom kae. Arepa dicecenges bojoku. Aku panggah nekat. Samar ngko gek-gek cah-cah kae dha serius pengin sinau seni budaya ambek sastra?. Nomer lorone, kadidene wong sing dianggep tuwek tur mbudaya, ogak elok nyepelekna krentege warga masyarakat.

 Minggu candhake aku njajal telpon kepala desa Surahwana. Nyarawidekake apa sing dikarepeke cah nom-noman kae. Nanjihna bener apa ogak. Wis oleh ijin saka kades apa durung. Apa nggur jengkeran ngayawara tanpa tanja.

Bar nutuli nomer hape, gelis eneng swara nyaut saka sebrang telepon. Dikawiti bosa-basi ndhisik kaya sabene. Nalika aku ijek dibenum dadi ketua be-pe-de limolas taun kepungkur, Sesambunganku karo kades raket tenan. Kades anyaran nalika semana. Ijek prasaja. Lugu gak neka-neka.

“Lare-lare ingkang ajeg njagong warung kopi sor greng nika rak nom-noman sing ndhisik pendhukung njenengan?” pitakonku ndadekake kades Surahwana njumbul.

“Inggih, wonten napa pak Sumar?” jawabane nganggo tembung pitakonan.

“Pas andhok warung kopi, lare nem-neman nika nate nanting kula. Kepengin ngedegna sanggar seni budaya lan sastra” ujarku semangat.

“Nggih, pancen lare-lare nika nate nembung kula. Nanging anggaran desa tasih fokus kangge dandan infrastruktur. Umpami njenengan nyengkuyung ada-ada sanggar seni budaya lan sastra, bab anggaran saget dipikir sambi mlampah” pertikele lurah Surahwana nyagohi, arepa anggarane ijek golek.

“Nek ngoten kula saget miwiti nggih? Anggaran sementara pados talangan?” tumandukku.

“Inggih, sae menika. Mangga difasilitasi rumiyin.” wangsulane lurah brengos njlamprong kuwi nglegani.

Aku manthuk-manthuk. Melok seneng nek bocah-bocah sing kerep mblarah kae antuk wadah kanggo ekspresi bakat seni budaya ambek sastra.

“Buk aku sida ngumpulna bocah-bocah kanggo rembugan bab sanggar” semantaku njaluk pendhapat bojo.

“Ngenggon ndi,pak?”

“Ning omahe dhewe kene,buk”

“Mboyak! Lha lurahe dhewe ya gak ngreken”

“Lurahe wis aweh ijin”

“Anggarane?”

“Ngutang dhisik, suk nek wis longgar anggaran desa, disauri”

“Porak!? Lha mek apa, dihamut” aku kaget. Bojoku cuek.

“Iki kesempatan lho, buk?”

“Sing digawe tambel apa? Lha awak ndhewek ya ra gableg dhuwik!. Suguh badhogan jajan warung ya ra oleh ngutang leh”

“Aku ngko sing setiyar anggaran,buk.”

“Mboyak, pak. Sekarep sampean. Nek eneng resikone, aku emoh canthuk lawung”

Ambak dialang-alangi bojo. Kumpulan bocah-bocah kae tetep kaleksanan ndhuk omahku. Jaminan ngutang ndhuk  warung sor greng. Kopi karo banyu gelasan ya ngutang dhisik. Sing teka cah enom-enom. Sing diundang lurah sak aparatur desa. Ketambahan tokoh masyarakat ambek sesepuh. Sidane ngentekna anggaran lumayan gedhe.

Undangan sing teka akeh. Jengkeran gayeng. Sing dibahas bab seni budaya ambek sastra. Nanging atiku cuwa. Kecewa berat. Lurah gak isa teka. Alesane enek undangan seka asosiasi kabupaten. Jare agendane penting. Ora kenek ditinggalna.

Bubar rapat aku dipaido bojo wedok.

“Piye,pak!. Rapate ketoke gayeng,”clathune Kunthi nyarawidekake.

“Ya,buk kabeh sarujuk. Kabeh mathuk”

“Kok aku gak krungu swarane lurah,pak?”

“Ijin ogak isa teka. Bareng karo undangan ndhuk kabupaten. Ape ngajokna aspirasi ndhuk Jakarta. Jarene, nek kasil isa nambah kesejahteraan aparatur desa ambek kemakmurane warga masyarakat”

“Mbelgedhes?!” tembung panyenges favorite bojoku krungu banter.

Aku ogak wani ngunggahi clathune Kunthi. Nek nganti tak tanduki, malah bubrah.

Kerja bhakti ndhuk tegal rumbuk sor barongan sing gak tau dibabati. Diangkah kanggo adeg sanggar sederhana. Lahan cedhak lapangan kuwi gelis didegi bangunan prasaja. Dhuwik pawitan saka ngutang. Material sebagiyan pisumbange para dermawan.

Arepa ugung apik, papan sing digagas wis ngadeg. Terus dinggoni ngrembug program sing ape diujudi. Rapat lunggoh lesehan. Nganggo gelaran sakenenge.  Kabeh sing sekawit ndhukung ogak eneng sing absen. Nanging lurahe absen meneh sebab melok gemrudug budhal Jakarta. Demo njaluk tambahan masa jabatan. Bengok-bengok orasi ndhuk gedhung DPR. Memperjuangkan nasibe sowang-sowang.

Mulehe awakku loyo. Samar nek kongsi lurahe mblenjani janji. Lakar talangan kanggo mbangun sanggar wis entek dhuwik akeh. Nek ngantek luput janjine lurah, genah aku antuk clathu maneh. Diomengi bojo sing dhasar galak.

“Piye,pak? Rapate sukses?

Aku meneng kaya tugu sinukarta. Ogak isa wangsulan gumathok.

“Apa lurahe ya teka? Aku krungu saka berita tipi, lurah-lurah sak Indonesia kok padha demo nyang Jakarta” aloke bojoku karo mripate manther tajem nyawang aku.

“Anu ,buk. Lurahe ra isa teka maneh.”

“Alesane?!”

“Demo nyang Jakarta kanggo nuntut tambahan masa jabatan. Supaya rakyat ogak gontok-gontokan perkara pilkades.”

“Mbelgedhes?!”

“Tenan, lho buk”

“Selak rakyat wetenge lesu.”

Embuh kaping pira, angger bojoku muni tembung “mbelgedhes” aku maleh blangkemen. Ogak isa njawali. Ogak sanggup wangsulan. Mula njur meneng kaya kethek ketulup. Plonga-plongo kaya kebo.

Seminggu candhake aku pengen methuk lurah Surahwana. Saperlu nyarawidekake kepriye banjure program mbangun sanggar. Nelik sandhi mbokmenawa wis eneng anggaran kanggo nyaur utang.

Lagek manyuk omahe lurah wis ketok sangka kadohan anek geni mulad-mulad. Omahe lurah kobong. Dibakar masa. Gendul-gendul bom molotov ngudani omahe lurah. Swara wong-wong pathing brawok. Ngundang jenenge lurah, sing bengi maeng lagek diglandhang aparat. Muleh saka Jakarta langsung dadi tersangka, korupsi dana desa.

Aku wedi njur cengkelak balik kanan. Muleh nggawa ati semplah. Melar mingkus napas krenggosan. Saka sapandurat awakku metu kringet anyep dleweran. Lunggoh loyo tanpa daya.Tak delok sangka kadohan, mentiyung mendhung lelimengan. Lamat-lamat bojoku ketok malangkerik karo ngece: “Mbelgedhes!” (*)

 

 

*Nono Warnono
pegiat sastra ing sanggar Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB). Saben ndina mapan ing Perumahan Gajah Indah Baureno-Bojonegoro. Nulis karya sastra Jawi taun 2023 wujud crita cekak anyar kanthi irah-irahan “Langgam Panguripan”

Editor : Yuan Edo Ramadhana
#Desa #cerpen #Budaya #kisah #kebohongan #lembar budaya #mbelgedhes #sastra #bahasa jawa