Karya: NONO WARNONO
WIRAMA GANGSA LAKUNE MANUNGSA
Gamelan prabot pakeliran sajuga
pradangga miwah waranggana
kendhang palungguhan mirunggan
ngereh laku wiramaning gamelan
rasaning manungsa ngereh jantra
langgam panguripan amrihe mirama
Baca Juga: Geguritan Radar Bojonegoro Oleh Gampang Prawoto
Kendhang murba laku irama
aweh pralampita urip rinekadaya
bungah lan susah sawise kupiya
iramaning gangsa dumeling rinasa
iramaning panguripane manungsa
Baca Juga: Puisi Radar Bojonegoro: karya Susanto Guru SMP Negeri 1 Baureno
Pugkasaning lakon pagelaran
kawuryan kadi golek jejogedan
golekana sari pathine pepindhan
kang sinandi ing panguripan
kang becik lakonana tembayatan
kang ala inggatana ngedoh kanisthan
Bojonegoro, Oktober 2026
AMPAS PANGURIPAN
Aku disesep rasa legi dieleg wola-wali
tebu kang dikratabasa antebing kalbu
wus jamak dilepeh rikala dadi sepah
sawise sarine disesep karasa legi
Baca Juga: Puisi Radar Bojonegoro: Oleh Mahrus Ali
Aku disesep manis rasa diemut makaping
Wit-wit tebu klakon dadi paran inceran
minangka pituwas lelabuhan saka juragan
pidak jempol kang datan.lelahanan
Aku disesep dadi ampas sadhengah papan
kesimpar ing bumi kebak laku sesawiyah
nora kawistara pahlawan apa pepaekan
rakyat wus dadi kurban ampas bebrayan
Baca Juga: Puisi Radar Bojonegoro: Karya Muhammad Taofik
Aku disesep tebu-tebu tanpa tabet
wektu kawuri dadi crita panalangsa
habis manis sepah dibuang bebasan
tebu-tebu pralambang rasa getir panguripan
Bojonegpro, Oktober 2026
SEMRAWUT
Kahanan panguripan sangsaya ora karuwan
kasunyatan iwut tansaya semrawut temenan
pindha kabel pathing slawer sadalan-dalan
baleho papan iklan kadya alas rerungkudan
spanduk pathing tremplek gembel pawuhan
pathing graceng pathentheng kawuryan
Baca Juga: Puisi Radar Bojonegoro: Karya Susanto
Kahanan bebrayan tansaya uleng kawuryan
saling silang obar abir salang tunjang jaman
ngregeti kaendahan kutha gegayuhan
bosah baseh tan tumata pindha pawuhan
uleng mangayun rebut palungguhan
yeku alang ujure negara kang iba kedayan
bruwalane nepsu kang kawogan tan petungan
Baca Juga: Puisi Radar Bojonegoro oleh Mahrus Ali
Kahanan dadi lagu kang blero rinumgu
arebut sasana lan swasana kang didaku
tanpa sengsem wirama nir harmoni lagu
jer nabuh dhewe tanpa tintingan tartamtu
swara blero nambahi gatel njur nyaru nyendhu
kutha kaya semrawute panguripan nguber wektu
Bojonegoro, Oktober 2026
KARHUTLA
Gunung kemranyas alas kobong tan sisa
wong-wong sambat tumekeng manca
urip kebak asep krasa nyeseg dhdha
tan krana El-Nino utawa ketiga ngerak
sabab panas atine manungsa murka
Baca Juga: Puisi Radar Bojonegoro: Oleh Nono Warnono
Alas kobong mangalad ngambra-ambra
tan kuwawa dikendhaleni maneka cara
ora pasah mung disiram banyu kewala
jer manungsa wus padha kemaruk dosa
nepsune tan kuwawa dikendhaleni donga
alam pambaureksa wus ngamuk krodha
tingkahing manungsa ngancurke wana
Baca Juga: Puisi: Karya Malik Ibnu Zaman
Panguwasa asring mung tinuding tiding blaka
wong tanpa dosa malah dadi dakwa saka
pranatan kang salah ngrantam ngecak satata
konglomerat kang mbubak alas diumbar ngrabasa
oligargi sinamun samudana tanpa ukum dhendha
mung tinuding tanpa ngrasakake rupeging kunjara
Bojonegoro, Oktober 2026
Editor : Farhan Reza Ardiansyah