Geguritan Radar Bojonegoro Oleh Gampang Prawoto

Muhammad Suaeb • Dipublikasikan Minggu, 30 Agustus 2026 | 08:00 WIB
ilustrasi buku
ilustrasi buku

Oleh: MAS GAMPANG PRAWOTO BOJONEGORO


PRIYA UTAMA

Bingah jroning nala

Ambal warsa kang kebak donga

Mangayubagya tansah rinengga

Bombong sesolah jagading sastra

Ambeg budi bawa kaksana

Nut tata titi laksanane agama

Gumregah cancut taliwanda.

 Baca Juga: Puisi Radar Bojonegoro: Oleh Susanto

Puguh ing budi daya

Rasa rinasa olahing rasa

Ijo abang kuning iku ming warna

Jenjem sajroning batin nira

Obah jumangkah nut ing kersa

Hurip piguna mring sapadha

Urupe pepadhang arupa cahya

Titah tumitah sawanthah jalma

Oyot ing bumi nyempulur ing akasa

Mobah mosik sang hyang sukma

Obahku lan obahmu atunggal jiwangga.

 

Tuban, 13/06/2026


JANTURAN RESI SUNAWAN

 

Inggih bapa Resi

Awit gesang punika wonten teges kang kapasang

Awon pasanganganipun sae, Susah pasanganipun seneng

Awit gesang punika namung urip  kang ateges arep murih ing pangarep sedaya kadadosan ingkang dereng sumurup menawi dereng kalampahan sajrone laku lumaku dene luku lan garu.

 Baca Juga: Puisi: Oleh Suharsono

Luku : urip kedah lumaku nut ing landhepe keji lan jerone  taen-taen singkalan

Garu: garis kang katiru, ngrataake kang saru, aja nganti kesandhung ing dalan kang rata.

Ning kabeh isih gumantung saka rosaning sapi 

 

lan kebo kang nggeret lan enggoke sing nglakokake luku

Kamangka

Hisjak, go, her, wis ilang saka pranatan gesang

Keluh lan tampar sandhetan ilang kalindhes jaman

 Baca Juga: Puisi: Karya Malik Ibnu Zaman

Purwasari, 24/06/2026


JALA IWAK

Urip iku urup

kang duweni karep ora puges

kayadene damar kang kasatan patra.

Urip iku gesang

kang tansah setya tuhu

mring uripe dhewe, ora tansah nggesang

kanthi adhong njalasutra kabisane liyan.

 Urip nora ming nggodhong lampes

kadidena jala kang mepes lan numpes

 lakune iwak-iwak

ing weninging banyu

seneng mungguhing tukang jala,

marem ing gawe rubeda, ning gawe tuna

mring lestari ing jagading mina.

 Baca Juga: PUISI: Oleh Susanto Guru SMP Negeri 1 Baureno.

Djambon,24/04/2026


REMBANG

 mung bisa nyawang

saka kadohan bengesmu branang

pipimu kang mempluk nyemburat abang

jembare segara gawe rasaku mblandrang

ya kala-kala kerem ya kala-kala kambang

mung bisa nyawang

sawalike kudhung  rasaku was sumelang

prau lan praupan saya nengah nglambrang

yogene ombak gedhe sanalika nrajang

gawe atiku kadlarang-dlarang.

 Baca Juga: PUISI: Oleh Susanto Guru SMP Negeri 1 Baureno.

Rembang, 22/04/2026


SEGA BEBEK

 bukak pora mbak

aku saiki ngajak sanak

sing awake krasa ora kepenak

malah kapara atine rinasa suwak

saka tembung lan ukara kang nyangklak

jare wis ora ketunggon sisihan lan anak

pancen ukara bisa endah kaya lar merak

sakala landhep kadidene wulu landhak.

 

bukak porak mbak

jare pengin sega bebek sing nyantak

sambel lombok mentah pedhes nyegrak

teh panas githel gawe awak semiyak

dhasar bakule ayu grapyak tur nyemanak

rasa lugrah sakala bisa mruntus ndadak

pancen urip iku ming ngetut suku tindak

among rasa, nata ati ing laku tumindak.

 

Kwiled, 23/04/2026

Editor : Farhan Reza Ardiansyah
SEGA BEBEK JALA IWAK JANTURAN RESI SUNAWAN PRIYA UTAMA rembang