Daerah Ekonomi Gemas Haji & Umrah Headline News Internasional Kawan Cilik Kesehatan Kuliner Lentera Islam Mbakyu Nasional Opini Otomotif Pendidikan Peristiwa Persepsi Politik & Pemerintahan Redaksi She Sportainment Tausiah Ramadan Teknologi Weekend Yuk

Kembang Tabebuya

Hakam Alghivari • Minggu, 21 Januari 2024 | 22:00 WIB

Ilustrasi (AINUR  OCHIEM/RADARBOJONEGORO)
Ilustrasi (AINUR OCHIEM/RADARBOJONEGORO)

 

Penulis: Nono Warnono

Kembang tabebuya padha mekar ing mangsa ketiga. Hawa panas ing kutha cilik Bojonegoro karana cerobong minyak ngobarake geni ing pethite, saben rina lan wengi tanpa leren. Nadyan saben bengi papan kono katon lampu pathing klencar kaya kutha metropolitan, parandene hawa panas kemranyas kaya atine Suryanti sing lagi patah hati.

uharno kanca kuliah sajurusan sing dadi geganthilane ati nembe lunga ora ngerti parane. Ora ninggal pesen apa-apa. Tan ana notifikasi utawa tulisan ing we-a sing nyethakake kepriye kahanane. Umpama lunga krana urusan wigati ya menyang ngendi. Umpama lara ati ya apa sebab musababe.

Saka omah loteng pinggir dalan gedhe, sing disulap dadi cafe kuwi Suryanti lungguhan karo Mardiyah kanca raket nunggal kuliah. Sore kang endah krana sakha ndhuwur katon kembang tabebuya nembe mekar hanjrah. Nanging atine Suryanti nembe goreh mikirake kanyatan nyedhihake. Lamunane nglangut menjaba tanpa greget nadyan ana kopi ing ngarepe.

Mardhiyah sing bisa maca swasana atine Suryanti enggal sabawa. Sing dijejawat gurawalan kaget. Jugar pengangene.

“Nembe mbatin sapa, Sur. Kok sajak nglangut ana sing dipikir jero,” semantane kanthi nyoba slulup suwalike panyawang.

“Ah, ora ana apa-apa kok, Mar. Lagi kepengin nglamun wae. Sawetara nglalekake tugas kampus sing ra ana enteke,” pawadane karo nyoba dolanan sendok ing ngarepe.

“Becik blaka wae. Sapa ngerti aku bisa aweh solusi kanggo mecah masalah,” pangrimuk kareben kanca kenthele terus terang.

Suryanti klincutan. Jer mitra akrabe kuwu kaya bisa maca jroning ati. Nadyan kanthi maneka rekadaya coba didhelikake.

Rangu-rangu arep curhat. Sumelang masalah pribadhi mau malah sumebar tanpa antuk dalan padhang.

Suwe anggone meneng tanpa micara. Nganti Mardhiyah nandhesi omong.

“Apa mikirake Suharno sing lawas ora ketemu?” sumambung tembung. Ukara kadidene panuding. Ndumuk uleging batin. Ora katon nanging kawistara panyawang lan solah slagane.

Suryanti trima mandeng kanca rakete mau. Ora micara, nanging kaya ana pengakuan ing sorot mripate. Nggrayangi atine Mardhiyah. Apa tulus arep sabiyantu ngawekani pambengan.

“Wis ta, Sur. Aja kesuwen singidan nutupi masalah. Ora becik mlayu ngoncati problem panguripan. Adhepi kanthi tatag. Percayaa saben masalah mesthi ana solusine” mojar maneh kaya wong tuwa nuturi anake.

Sing diswarani ora duwe gela, malah tiba kebeneran. Keplok kambi swara atine. Jer Mardhiyan wis direngkuh kaya sedulure dhewe. Nadyan pethuke wis pada gedhene.

“Iya, Mar. Tenane aku bingung. Mas Harno wis suwe ngilang tanpa pamit. Blas ora nate ngabarake. Kowe rak ya ngerti dhewe. Wis suwe ora nate mlebu kuliah. Aku kudu mlangkah piye? Durung ana gambaran” pratelane kanthi praupan suntrut.

Rada suwe wong loro padha meneng. Uleng ing pikirane sowing-sowang.

“Yen ra kabotan, aku tak melu golek sisik melik. Sapa ngerti antuk kabar kanggo nggenahake crita sing sabenere” tumanduke Mardhiyah nguwatake sing nembe nandhang dhuhkita.

Suryanti mung manthuk. Ora wangsulan. Nanging terwaca yen atine sarujuk marang eguh pertikele Mardhiyah.

Ikhtiyar kanggo nemokake Suharno wis wola-wali ditindakake. Mardhiyah sing wis apal pribadine Suharno duwe dudutan positif. Ora percaya yen sengaja tega nglarani atine Suryanti.

Kebeneran adhine Suharno nalika SMA uga akrab karo adhine Mardhiyah. Mula dicoba nyarawidekake kanyatan sing sabenere lumantar telepon. Di we-a uga ora ana respon.

Mula gelis sambang langsung ing omahe. Ngiras bisa ketemu kabeh keluarga. Kareben jangkep anggone keklumpuk informasi. Amrih terwaca kahanan sing sabenere.

“Rumaos kula nggih mapan ing kos-kosan. Kathah tugas kuliah ingkang kedah rampung,” tumanggape Rohani, biyunge Suharno nalika Mardhiyah mertamu ngabarake.

“Menapa mboten nate sanjang nembe repot menapa ing kos-kosan? “ mbledig maneka pitakon.

“Mboten nate babar blas,Nak. Mpun dangu mboten wangsul. Saploke bapake tilar donya, jarang wangsul,”

“Dik Arum apa ya ora nate antuk kabar ngenani Mas Harno?” pitakone Mardhiyah marang adhine Harno nalika sore iku melu njagong tekane.

“Ora nate, mbak. Aja maneh mulih ngomah. Ngabarne liwat hape wae ora tau,”

Saka pikolehe sambang keluarga mau, Mardhiyah gelis malih penyanane marang Harno. Kok tega-tegane nilap lunga wong-wong sing cedhak ing uripe.

Nalika ketemu Suryanti wektu bubaran kuliah. Oleh-olehe kulak warta mau dikabarake apa anane.

“Wis ta, Mar. Aja kok bacutake dadi telik sandhi nggoleki Harno. Tiwas ngentekake tenaga nguras pikiran. Pancen dheweke wis tega ninggalake awak dhewe,” panyaruwene nglokro.

“Awak dhewe durung sepiroa suwe nggoleki papan dununge Harno. Ayo luwih sengkut nglari minggate Harno. Sapa ngerti iki ujiane Gusti,” sareh nanggapi.

“Tiwas ora ana gunane, Mar. Lha wong sing ngawaki pancen wis sengaja mlayu saka awake dhewe. Malah isa uga pengin nglarani ati,” rasa gething wiwit katon.

“Ah aja gampang gawe keputusan miring. Sadurunge jangkep informasi sing diduweni. Penyana ala iku klebu dosa”

Rembugan rampung tanpa tanja. Ora nggawa kesimpulan gumathok. Apamaneh kanggone Suryanti. Tambah perih larane ati. Ngrasa dikhianati. Keladuke kekasihe kuwi wis kepencut wanita liya. Direwangi ngilang tanpa pawarta.

Nadyan ing pangucap Suryanti kaya wis suthik ngrembug Suharno, parandene ing batin kosokbalen kahanane. Saya suwe ngilange geganthilane ati, tansaya gawe koming jiwane.

Katitik nalika diajak mardhiyah methuk kancane Harno aran Muafakin. Nadyan lageyane emoh, ananging batine kapiadreng. Pepuntone ora kabotan diajak methuk sarampunge mulih kelas.

“Aku ya ra ngerti, Mar. Mesthine Sur sing luwih paham,” ujare Muafakin nggodha.

“Sangertiku, rampung ana kelas mulihe ajeg ngopi dhisik ing kantin,” pamunggele Mardhiyah gelis.

“Iya, iku mbiyen. Akhir-akhir iki ora nate blas. Kaya ilang diuntal bumi,” komentare Muafakin tandhes.

“Njur urusan kuliahe!?”

“Aku malah ra ngerti. Ora nate crita blas sasuwene iki,”

Sapungkure sapatemon tetelune, Suryanti tansaya ngendhelong atini. Tambah yakin yen kekasihe kuwi wis nglalekake. Suthik sesambungan karo dheweke. Medhot tresnane.

Semono uga Mardhiyah. Wadon sing sekawit banget nyengkuyung anggone mbangun tresna, melu kacuwan. Penganggepe marang Harno malik grembyang. Sekawit percaya satus persen. Saiki ora ana slawe persen. Marabi kadidene wong lanang nguja ego pribadhi. Ora teguh ngugemi kasetyan.

Klebu nalar yen Suyanti purik. Mrangguli wong mentalan ninggal pasangan tanpa alasan gumathok. Nganggep Harno lanang sing ora serius mbangun katresnan. Gampang miyur keputusane.

Witekna lungane tanpa kabar. Arikala sesambungan tresnane nembe mekar. Kembang ing jro dhadhane nedheng amrik angambar. Dina dina kaya kebak sunggingan gambar. Lukisan katresnan kang ngrenggani pigura uripe.

Ora mung Suryanti sing atine rojah-rajeh. Mardhiyah kanca rakete melu kejuwing atine. Nadyan dudu dheweke sing nglakoni.

Yen sadurunge ora tau duwe penyana ala marang Harno, saiki duwe penyana beda. Samar yen Harno nedya gawe dolanan Suryanti. Jer nalika lelorone brangkat pacaran, dheweke sing dadi makcomblang.

Nadyan ora nglakoni dhewe ruwet rentenge ngenam katresnan. Matdhiyah melu ora bisa turu meh saben wengi. Nelangsa yen ngerti kanca akrabe nglangut dina-dinane. Melu mesakake yen kongsi ora antuk solusi kang becik. Mula, nadyan kanthi cara meneng menengan. Mardhiyah nerusake pangupaya bisane antuk dalan padhang nemokake Suharno. Diwanekake methuk dosen mudha aran Bangun Nugroho sing ngampu jurusan kelase Harno.

Nadyan rada pekewuh. Jer dosen bagus kuwi ora nate menehi kuliah ing jurusan Psikhologi. Sawise kulak warta, kapan jadwal ndosen, Mardhiyah sengaja nyanggong sarampunge dosen mau ngajar ing kelas. Kebeneran dinane ora bentrok.

Ngerti kledhange metu saka ruangan, enggal ditututi. Semanta yen nyuwun kalodhangan kepengen ketemu ngenani perkara wigati.

“Nyuwun kabar ngengingi mahasswa nami Suharno, Pak. Keluarga ugi bingung madosi. Sampun dangu mboten wangsul griya. Menapa mpun dangu mboten ndherek kelas?” pitakone nrecel.

Dosen mudha kuwi suwe ora wangsulan. Mung mesem ngujiwat.

“Ana apa nggeleki Harno kok sajak penting banget?” wangsulan ngganda pitakon.

“Sedaya kanca lan keluarga sami sumelang. Tanpa pamit tanpa kabar. Kuwatos yen wonten pambengan” wuwuse kanthi ati trataban.

“Ora susah digoleki. Harno, krana siji perkara tak buwang adoh”

“Lha perkawis menapa, Pak?”

“Ora perlu dingerteni. Mbesuk yen wis wancine bali tak kabari,”

Krungu warta mangkono, Mardhiyah tansaya goreh atine. Yagene dibuwang?. Apa nduweni kesalahan fatal. Sepira gedhe kaluputane. Samar yen ana apa-apa. Kamangka wus ndhungkap telung sasi suwene.

Sarampunge sapatemon kuwi Matdhiyah mangu-mangu. Ngabarake marang Suryanti apa ora. Yen kongsi ora ngabarake  samar yen nganti dipaedo mbesuke. Nedya diblakake jirih yeng kongsi ndadekake kaget njur semaput.

Digelar digulung ala becike. Sabtu sore kuwi dheweke trima ngurung dhiri ing ngomah. Durung wani gawe keputusan sarampunge antuk kabar kuwi.

Durung rampung gawe keputusan, ndadak bengine antuk telpon saka Suryanti. Ngajak ketemu ing taman kota ngarep cafe Tabebuya. Sawijining panggonan ing kutha cilik sing kebeneran kebak tanduran tabebuya. Taman kota niru programe wali kota Surabaya Tri Risma Maharini pirang-pirang tahun kepungkur.

Mardhiyah atine kebak tandha pitakon. Pikirane uleng. Yagene ujug-ujug Suryanti telpon. Kangsen ngejak sapatemon malem minggu iki.. Kamangka bundhelan masalahe durung bisa diudhari.

Nggembol ati sanggarunggi. Mardhiyah gegancangan minangkani pangajake kanca kuliah sajurusan kuwi. Padatan yen nembe ngenggar-enggar bareng Suryanti malah kadhang ana Harno. Ing taman kota kuwi, manggon kursi dawa werna biru ngisor wit tabebuya.

Sawuse markir motor pit ing sebelah cafe Tabebuya. Nggelak laku nuju papan sing dituju. Saya cedhak dheweke kaget. Ing kono wus ana wong telu. Suryanti, Suharno, lan dosen mudha sing wingi ditemoni.

“Kaget yaa,” Suryanti ndadak semanta mapag tekane.

“Kejutan ora lucu, ah” Mardhiyah rumangsa digarap.

“Aku ya dibeda lho, Mar. Kaget. Iki mau aku ditelpon ngejak sapatemon. Tekan kene wis ana wong loro iki” karo nuding arah Harno lan dosen Bangun Nugroho.

Mardhiyah rada ngambeg krana dadi korban kejutan. Nadyan Suryanti uga padha, dadi korban surprise.

Suryanti banjur crita, yen Harno sasuwene antuk tugas telung sasi nganake penelitian ing kampus liya. Sing nugasi dosen mudha sing wengi iki melu njagong. Nalika budhal penelitian ora entuk kandha sapa-sapa amrihe bisa fokus lan ora keganggu maneka urusan.

“Mar kenalna, iki dosenku,” Harno nepungake.

Mardhiyah sing sekawit mecucu, nyoba mandeng lanang sing ditepungake kanthi esem tipis”

Dosen bagus kuwi jumangkah ngulungake tangane. Mardhiyah mangu-mangu nanging banjur ngregem salaman kanthi sewu rasa.

Wong loro banjur mesem ngguyu kaya wis tepung suwe. Suryanti lan Harno sing ketungkul ngunggar kangen kaget. Manoni sesawangan ing ngarepe.

Ora gantalan suwe rong pasang mudha-mudhi padha gegandhengan. Mlaku sadawane taman kota sing kebak kembang memencut ati. Sasi mangsa kembang padha mekar warna-warni. Nadyan mung samar-samar kena lampu kutha. Kaya endahe ati pasangan sing nembe magut asmara. Ing antarane kembang tabebuya kang nembe mangurah sari.

Cuthel

Editor : Hakam Alghivari
#tabebuya #cerpen #kisah #lembar budaya #kembang #bojonegoro